Kamis, 17 Desember 2015

Cerito Sedih

Semar, Gareng, lan Bagong dolan neng Surabaya tilik Petruk.

Wong 3 kuwi nginep neng  Hotel JW Marriott, kamar neng tingkat 45.

Awan nganti bengi wong 3 dolan neng mall, pas balik hotel, tekan Lobby listrike mati dadi kudu lewat tangga.

Ben ora krasa olehe munggah wong 3 bagi tugas. Seka tingkat 1- 15, Semar kudu crita sing lucu2, njur seka tingkat 16-30, Gareng kudu crita sing medeni, njur seka tingkat 31- 45, Bagong kudu crita sing sedih-sedih.

Wong 3 mulai munggah, Semar mulai crita lucu2, wong 3 ngguyu2 ora krasa wis tekan tingkat 15. Banjur Gareng crita sing medeni marai tegang, ngerti2 wong 3 wis tekan tingkat 30.

Giliran Bagong kudu crita. Bagong (ekspresi rupa sedih): :( "Iki ceritane sedih buanget... Aku sakjane awit mau aku arep crita, tapi wedi nek marai jengkel."

Semar : "Crita-a wae cepet, ra papa wis meh tekan tingkat 40!"

Bagong : "Ngene... Lho... Kunci kamar e ketinggalan neng mobil.."

Gareng : "Bagooooooooong... Ngapa ra crita ket mau?"

Bagong : "Lha aku durung entuk giliran crita!!!☺����

Njur Bagong & Gareng mudhun maneh meh njupuk kunci kamar.
Semar gandheng wis tuwa ora melu.

Tekan ngisor parkiran ngarep mobil Gareng ngomong ,"Gong, aku ana crita horor kie..."

Bagong,"Horor piye Reng?"

Gareng,"Kunci mobile digawa Semar..."������

Tidak ada komentar:

Posting Komentar