Rabu, 18 November 2015

Beras Plastic? Bahaya?


WONG INDONESIA KUWI HEBAT!!!
Pekara BERAS PLASTIK kok dadi ributPadahal,
Wis suwe awake dhewe mangan IWAK GABUS yo biasa2 wae....
Mangan TONG SENG wetenge yo ora opo2...
Mangan SEGO KUCING yo doyan...

Wong Semarang mangan GANJEL REL...
Wong Palembang mangan KAPAL SELAM...
Wong Bali biasa mangan SAYUR PAKU...
Bocah2 SD wis kulina mangan MOLEN...

Meh kabeh wong Indonesia yo wis tau mangan BANGKU SEKOLAHAN ben pinter jarene...
Nyatane yo podho selamet lan makmur uripe...
Wong Jowo MANGAN BETON yo sehat2 wae wetenge...
Ngombe kopi karo teh dicampur GULO PASIR yo sik sehat kok...
malah ono sing nganggo GULO BATU...
Sing mangan KETOPRAK yo ono...
Mangan BAKSO GRANAT lan BAKSO RUDAL yo eco mawon...
Mangan KACANG ATOM yo sehat...
ora mbledhos koyo Hiroshima Nagasaki...

OSENG2 MERCON yo podho doyan...
PUTRI SALJU yo diemplok...
RONDO ROYAL, TEMPE KEMUL yo enak ae...
ora opo2...

SAMBEL SETAN wae dipangan...
nganti setane yo bingung...arep mangan nganggo sambele sopo...
Cah cilik2 dho seneng mangan KEMBANG GULO lan ENDOK CECAK...
mulo cecak e podho mumet ora nduwe cemilan maneh...

Dho seneng mangan PERMEN KARET nyatane isih tetep podho sehat kabeh... Ora opo2...
Saking rakuse, telek kucing ya kolu.
Kuping gajah dikemil.
Balung kethek ya tedhas.
Jiaann jan menungsa ki opo sing ra doyan.

Butuh translate? komen saja ..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar